Thursday, November 18, 2010

geguritan basa jawa - no title

Aku ora ngerti, apa sing ana ning ati iki
Makjedul teko marakke seneng ning ati
Ora ngeri ngapa, nanging iki mesti amarga kang mas sing wingi
Sing mbajuli aku ning cedhak kali
            Kang mas mbok aku dikandani
            Apa sampeyan kagungan wong kang ditresnani?
            Muga muga kang mas mboten kagungan nggih
Aku pengen kang mas ngerti
Ngerti nek ana aku sing mesti ngenteni
Aku pengen dadi wong kang ditresnani
Ditresnai kang mas nganti mati
            Nanging aja lali
            Aja dolanan karo atiku iki
            Amarga atiku gampang tugel lan mritili

No comments:

Post a Comment